[go: nahoru, domu]

Menyang kontèn

John Dalton

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
John Dalton
Lair(1766-09-06)6 Sèptèmber 1766
Eaglesfield, Cumberland, Inggris
Pati27 Juli 1844(1844-07-27) (umur 77)
Manchester, Inggris
Kondhang ingAtomic Theory, Law of Multiple Proportions, Dalton's Law of Partial Pressures, Daltonism
Karièr ngèlmiah
Mahasiswa wigatiJames Prescott Joule
MrabawaniJohn Gough
Tandha tangan

John Dalton (1766-1844) inggih punika ilmuwan saking Inggris ingkang ing abad kaping-19 nyobi nepangaken hipotesa atom wonten ing jagad ngèlmu kawruh.[1] Kanthi pamikiranipun John Dalton saged damel èlmu kimia saya majeng.[1] Panjenenganipun gadhah gagasan bab “téyori kuantitatif” ingkang saged dipun-ginakaken ing percobaan kimia.[1] Dalton gadhah pamanggih bab konsèp atom, molekul, elemen, lan campuran kimia.[1] Panjenenganipun ugi gadhah pamanggih saben kalih atom saking golongan ingkang meh sami inggih punika sami sadaya kualitasipun, kalebet “masa” (kuantitas material wonten ing piranti ingkang dipunukur saking daya tahan owah-owahan obah).[1] Dalton nglebetaken satunggal dhaftar ingkang nyerat berat relatif saking pinten jinis atom ingkang bènten.[1]

5 Téyori Atom Dalton

  • Unsur-unsur kapérang saking partikel-partikel ingkang alit sanget lan boten saged dipunperang malih ingkang dipunsebat atom. Wonten ing reaksi kimia, boten saged dipundamel utawi dipunowahi dados unsur ingkang sanès.[2]
  • Sedaya atom wonten ing unsur ingkang satunggal jinis inggih punika sami, amargi punika gadhah sipat ingkang meh sami, kados massa lan ukuran.[2]
  • Atom saking unsur-unsur ingkang bènten jinisipun gadhah sipat ingkang bènten ugi.[2]
  • Senyawa saged dipunwujudaken nalika langkung saking satunggal jinis unsur ingkang dipundadosaken satunggal (digabungkan).[2]
  • Atom-atom saking 2 unsur utawi langkung saking 2, saged dipunreaksi wonten ing perbandingan-perbandingan ingkang bènten kanggé ngasilaken langkung saking 1 jinis senyawa.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f [Michael H. Hart. 1978. Seratus Tokoh yang Paling Berpengaruh dalam Sajarah. Jakarta: Dunia Pustaka Jaya]
  2. a b c d e SEJARAH PENEMUAN ATOM Archived 2012-11-23 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 26 Juni 2011)

Pranala njawi