[go: nahoru, domu]

Menyang kontèn

Albert Camus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 20 Juni 2010 11.52 déning Robbot (parembugan | pasumbang) (bot Menambah: yo:Albert Camus)
Albert Camus

Albert Camus (dipocapaké [al'bɛr ka'my]) (Mondovi (saiki Dréan), Aljazair, 7 November 1913Villeblin, 5 Januari 1960) kuwi panulis filsafat / filsuf Prancis kalairan Aljazair. Dhèwèké kerep digolongaké minangka panulis eksistensialis, nanging mbokmenawa luwih bener diarani minangka panulis absurdis. Camus kuwi wong katurunan Spanyol.

Taun 1957 Camus dianugrahi Bebungah Nobel Sastra mawa yuswa 44 taun. Camus kuwi kekancan raket karo Jean-Paul Sartre, sastrawan eksistensialis lan Simone de Beauvoir. Camus tilar donya jroning sawijining kacilakan montor ing Villeblevin tanggal 5 Januari 1960.

Latar wuri

Lucien Auguste Camus, bapakné d'Albert, iku lair ing taun 1885 ing Ouled-Fayet ing départemen Aljir lan dhèwèké iku katurunan kolonis kapisan Prancis ing Aljazair.


Karya

Karya Albert Camus antara liya:

  • Le mythe de Sisyphe, 1942
  • L'Étranger, 1942
  • Caligula, 1944
  • La malentendu, 1944
  • La peste, 1947
  • L'état de siège, 1948
  • Lettres à un ami allemand, 1948
  • Les justes, 1950
  • L'homme révolté, 1951
  • La chute, 1956
  • L'exil et le royaume, 1957
  • Le premier homme (ora rampung, diterbitaké taun 1994 déning putriné, ing panerbitan Gallimard)

Delengen uga

Pranala njaba