[go: nahoru, domu]

Menyang kontèn

Sidhatan Suwais

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 8 Maret 2018 02.04 déning Top4Bot (parembugan | pasumbang) (→‎top: ganti isi, replaced: adhedhasar → dhedhasar, sing → kang)
Foto Terusan Suez saka orbit Bumi (foto NASA).

Terusan Suèz (basa Arab, Qanā al-Suways), ing sisih kulon Ujung Sinai, minangka terusan kapal kang dawané 163 km kang dumunung ing Mesir, ngubungaké Port Said (Būr Sa'īd) ing Segara Tengah karo Suèz (al-Suways) ing Segara Abang.

Terusan Suèz dibukak taun 1870 lan dibangun dhedhasar prakarsa insinyur Prancis kang jenengé Ferdinand Vicomte de Lesseps.

Terusan iki ndadèkaké transportasi banyu saka Éropah menyang Asia bisa luwih rikat amarga tanpa ngubengi Afrika. Sadurungé ana kanal iki, transportasi diayahi kanthi ngosongaké kapal lan barang-barang digawa liwat daratan antara Segara Tengah lan Segara Abang.

Terusan iki kapérang dadi rong pérangan, ya iku pérangan lor lan pérangan kidul Tlaga Great Bitter, lan nguhubungaké Segara Tengah karo Lempongan Suèz

Uga delengen

Pranala njaba