[go: nahoru, domu]

Menyang kontèn

Tata Young

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tata Young
Tata Young
Young at Pattaya Music Festival, Thailand, March 2007.
Pratélan latar wuri
Jeneng lairAmita Marie Young
GénreDance-pop, pop, R&B, electropop
PakaryanSinger, dancer, actress, entrepreneur
PirantiVocals
Mangsa akarya1991–present
LabèlGMM Grammy
(1995-2000)
TERO Records
(2001-2003)
Sony Music
(2004-present)
Sana jaringanhttp://www.tatayoung.com/

Tata Young (lair ing Thailand, 14 Dhésèmber 1980; umur 43 taun jeneng lairé Amita Marie Young (Thai: อมิตา มารี ยัง)) dhèwèké iku penyanyi lan penari wanita saka Thailand, Bapaké saka Amérikah Sarékat, Tim Young lan ibuné iku saka Thailand. [1] dhèwèké miwiti kariré nalika umur 11 taun, kondhang amarga tetembangan kang irah-irahan One Night Only dhèwèké menangaké kontès Thailand Junior Singing Contest.[1]

Debut albumé kang kaping pisan dirilis ning taun 1995, AMITA TATA YOUNG, lan basané Thailand.[1] Namung limang wsasi albumé mau bisa kaedol nganti seyuta kopi.[1] Kasuksesané iki dimeluni karo panghargan kang diraihé, ya iku panghargan Favorite Singer, Best Album lan Best Music Video ning Vote Awards 1995.[1]

Rong taun sawisé ngerilis album kang kaping pisan, taun 1997, Tata ngerilis albumé kang kaping loro, AMAZING TATA.[1] Ning taun iki dhèwèké olih panghargan Golden Pikkanes God Award.[1] Sukses ning donya nyanyi, Tata wiwit nyoba donya akting.[1] Debuté ning layar lebar Thailand, ning filem THE RED BIKE STORY (1997) lan diterusaké karo filem O-NEGATIVE lan PLAI TEIN.[1]

Albumé kang kaping teluné dirilis ning taun 2001, TATA YOUNG.[1] Single A-bo-da-be, Tua Saeb, Wan Jai lan Keb Chan Wai Yuen Khang Thoe Tham Mai kang ana ning album iki langsung dadi top hits ning radio.[1] Rong taun sawisé iku, Tata ngerilis albumé kang kaping papat, REAL TT (2003).[1] Ning album mau dhèwèké njagokaké single Yak Keb Thoe Wai Thang Song Khon lan Super Fan, Tata wiwit wani dadi co-producer.[1]

Sukses ning Thailand, Tata wiwit nyoba kanggo go international.[1] Debut internasional dirilis ning taun 2004, I BELIEVE.[1] Hit single ning album iki, ya iku Sexy, Naughhty, Bitchy, bisa ngejuarai tangga lagu ning nagara-nagara Asia, Hong Kong, Jepang, lan Indonésia.[1] Single sawisé iku uga dadi top request, I Believe lan Cinderella.[1]

Esih ning taun 2004, Tata olih kasempatan kanggo ngisi soundtrack ning filem Bollywood, DHOOM.[1] Single kang dijuduli Dhoom Dhoom,langsung kondhang ning Billboards.[1]

Taun 2005, Tata ngerilis album kang dijuduli DANGEROUS TATA.[1] Ning taun 2006, dhèwèké ngerilis album kompilasi BEST OF TATA YOUNG.[1]

Agustus 2006, Tata ngerilis album internasional kang kaping loroné, TEMPERATURE RISING.[1] Single kang diandelaké ning album iki, El Nin-Yo uga sukses.[1]

Album Thailand kaping enemmé, ONE LOVE dirilis ning taun 2008, karo single andalané One Love.[1] Ora suwé, album READY FOR LOVE, kang dadi album international kaping teluné, dirilis ning tanggal 25 Agustus 2009.[1] Single jagoan kang ana ning album iki ya iku, Ready For Love, My Bloody Valentine lan Mission Is You.[1]

Ning taun 2009, Tata nggelar konser ning Hotèl Mulia Senayan, Jakarta Selatan.[1] Taun 2011, Tata Young diundhang kanggo ngramekaké ajang Miss Teen Indonésia 2011 bebarengan karo Enrique Iglesias lan Boyfriend saka Koréa.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa Biografi Tata Young dipununduh tanggal 14 Agustus 2011
  2. berita Tata Young diununduh tanggal 14 Agustus 2011